peoplepill id: robby-tumewu
RT
Indonesia
1 views today
1 views this week
Robby Tumewu
Indonesian actor

Robby Tumewu

The basics

Quick Facts

Intro
Indonesian actor
Gender
Male
Star sign
Place of birth
Bandung, West Java, Indonesia
Place of death
Tangerang, Banten, Indonesia
Age
65 years
The details (from wikipedia)

Biography

Robby Tumewu (lair ing Bandung, Jawa Barat, 4 Dhésèmber 1953; umur 66 taun) ya iku salah sijiné perancang busana lan juru main filem lan sinétron kang asalé saka Indonésia. Robby Tumewu dikenal dadi perancang busana kang kerep nggawé désain, corak, lan wujud kang unik lan funky.

Biografi

Sadurungé dikenal dadi juru main sinétron lan filem, Robby Tumewu wis dikenal dadi désainer. Wiwit cilik, Robby wis pinter nggambar lan seneng nggawé sketsa sandhangan. Saliyané iku, Robby uga seneng nyanyi lan main drama. Kamangka Robby ora nduwé katurunan seni saka kluwargané. Bapaké Robby iku pensiunan pabrik senjata Pindad kang manggon ing Bandung lan ibuné iku nyambut gawé dadi guru basa Jerman. Nalika Robby milih karir ing donyaning fashion, Robby uga ditentang karo ibuné ya iku Emmy Tumewu. Ibuné Robby kepéngin Robby duwé karir ing babagan perhotèlan amarga miturut pengalaman gajiné mesti gedhé. Robby banjur nuruti ibuné lan dhèwèké kuliyah ing jurusan perhotèlan. Sawisé kuliyah Robby tau kerja dadi trainee ing Hyaat Hotèl Ambassador nalika taun 1974. Nanging Robby isih kepéngin banget dadi désainer.

Robby bareng karo kanca-kancané nggawé kalompok kang jenengé Aranea. Kalompok iki kerep nganakaké fashion show. Robby mélu peragaan busana kang sepisanan nalika taun 1973. Nalika iku Robby nyéléngi kanggo modhal saka honore nggawé sketsa ing koran lan majalah. Sawisé mèlu peragaan busan banjur akèh kang nawani Robby Tumewu kanggo ngrembakakaké kabisané ing babagan désain busana lan modheling.

Robby dadi asisten perancang busana Henry Passage ing Bandung nalika taun 1976. Sawisé éntuk pengalaman kang cukup, Robby banjur mbukak usaha cilik-cilikan. Dhèwèké tuku bahan dhéwé, ngrancang lan jait dhéwé. Sawisé iku Robby banjur ijrah ing Jakarta kanggo ngembangaké kariré. Nalika ing Jakarta, Robby kenalan banjur dadi "murid" Prajudi. Saiki Robby wis dikenal dadi perancang busana kang sukses lan lumrahé dadi wakil Indonésia ing event lan peragaan busana ing manca nagara.

Cathetan suku

  1. Profil di KapanLagi.com](dipunundhuh tanggal 13 Juli 2011)
  2. Korantempo.com(dipunundhuh tanggal 13 Juli 2011)


The contents of this page are sourced from Wikipedia article on 25 Jul 2020. The contents are available under the CC BY-SA 4.0 license.
Lists
Robby Tumewu is in following lists
comments so far.
Comments
From our partners
Sponsored
Reference sources
References
Robby Tumewu
arrow-left arrow-right instagram whatsapp myspace quora soundcloud spotify tumblr vk website youtube pandora tunein iheart itunes