peoplepill id: gregorius-sidharta
GS
1 views today
1 views this week
Gregorius Sidharta

Gregorius Sidharta

The basics

Quick Facts

The details (from wikipedia)

Biography

Gregorius Sidharta kanthi nama jangkepipun Gregorius Sidharta Soegija ( wiyos wonten ing Yogyakarta, 30 November 1932 - seda wonten ing Solo, 5 Oktober 2006 kanthi yuswa 74 taun )punika satunggaling pematung saking Indonésia ingkang kawéntar saha dados tokoh pembaru ing seni rupa mliginipun seni patung .

Karir

Gregorius Sidharta punika putra kaping tiga saking setunggal welas tunggalipun saking bapak-ibu ingkang dados seniman ugi. Bapakipun, Bernardius Soegija ( séda taun 1950 ), lan ibunipun Claudia Soemirah ( séda taun 1985 ) nggesangaken peka dhateng èstetik laré-larénipun kalihan lingkungan kulawarga ingkang remen musik klasik Barat lan Jawa ugi maneka kegiatan seni sanèsipun. Laré-laré ingkang kawéntar punika kadosta Ignatius Gardono ingkang kondhang minangka pangecor patung Tugu Selamat Datang, karya Eddy Sunarso ing Bunderan HI Jakarta. Lajeng wonten Paul Gutama ingkang sapunika netep wonten ing Berlin.

Gregorius Sidharta sinau nglukis dhateng Hendra Gunawan lan Trubus ing Sanggar Pelukis Rakyat ing sekitar taun 1950 lajeng mlebet Akademi Seni Rupa Indonésia (ASRI). Sidharta dipunanggep kebarat-baratan ingkang wonten konstelasi pulitik kala punika saged kagungan implikasi ingkang serius. Ing taun 1950, Sidharta dipunkirim déning misi gereja Katholik kanggé sinau ing Walanda. Kondur malih dhateng Yogyakarta sasampunipun sinau ing Jan van Eijk Academie voor Beeldende Kunst ing Maastricht kanthi wekdal tigang taun.

Ing taun 1965, Sidharta dipuntarik dhateng Bandung déning pelukis lan pematung But Muchtar kanggé mulang ing Jurusan Seni Rupa ITB. Kawontenanipun Sidharta ing Bandung ugi damel cethaning béda antawisipun Bandung lan Yogyakarta. Lajeng Sidharta kondur dhateng Yogyakarta sasampunipun pensiun saking ITB.

Pendidikan

  • Akademi Seni Rupa Indonésia (ASRI), Yogyakarta (1950-1953),
  • Jan Van Eijk Academie voor Beeldende Kunst, Maastricht, Walanda (1953-1957),
  • Jurusan Seni Patung ITB (1965) ,

    Karya-karya

    • Tonggak Samudera,
    • Tumbuh dan Berkembang, Garuda Pancasila,
    • Piala Citra,
    • Berita Duka,
    • Lingkaran Kedamaian

      Penghargaan

      • Anugerah Seni saking Badan Musjawarah Kebudayaan Nasional (1952)
      • Anugerah Seni DKI Jakarta tahun (1982)
      • Penghargaan Patung Terbaik saking Dewan Kesenian Jakarta (1986)
      • Penghargaan ASEAN ke-2 kangge kabudayan, Komunikasi lan Karya Sastra (1990)
      • Penghargaan Rencana Monumen Proklamator ing Jakarta
      • Hadiah saking Akademi Jakarta kanggé prestasi ing karya Seni Rupa Seni Rupa (2003),
      • Penghargaan Widayat Award kanggé dedikasi wonten ing seni (2004)
      • Penghargaan saking Pamaréntah Daerah Istimewa Yogyakarta dhateng seniman lan budayawan (2004)

        Pirsani ugi

        Dhaptar Seniman Indonésia

        Cathetan suku

        The contents of this page are sourced from Wikipedia article. The contents are available under the CC BY-SA 4.0 license.
        Lists
        Gregorius Sidharta is in following lists
        comments so far.
        Comments
        From our partners
        Sponsored
        Gregorius Sidharta
        arrow-left arrow-right instagram whatsapp myspace quora soundcloud spotify tumblr vk website youtube pandora tunein iheart itunes