peoplepill id: emir-mahira
EM
Indonesia
1 views today
1 views this week
Emir Mahira
Indonesian actor

Emir Mahira

The basics

Quick Facts

Intro
Indonesian actor
Gender
Male
Place of birth
Jakarta, Indonesia
Age
26 years
The details (from wikipedia)

Biography

Emir Mahira Salim utawa Emir Mahira (lair ing Jakarta, 19 Sèptèmber 1997; umur 22 taun) ya iku salah sawijiné aktor Indonesia kang luwih kawentar minangka Bayu Purnomojati amarga dadi paraga baku ing filem Garuda di Dadaku garapané Ifa Isfansyah ing taun 2008 lan ing filem Garuda di Dadaku 2.

Karier

Emir Mahira miwiti karier ing donya seni peran ing taun 2009 lumantar filem Garuda di Dadaku. Emir maraga dadi Bayu kang ora liya paraga baku ing filem mau. Amarga maén ing filem iku, akèh kang nawani Emir supaya maén ing filem liya. Sawisé dadi Bayu ing filem Garuda di Dadaku, Emir main ing drama musikal Melodi (Harry Tanoe) lan Rumah Tanpa Jendela (Aditya Gumay). Lan kang pungkasan dadi salah swijining paraga ing filem Garuda di Dadaku 2.

Ing taun 2011, Emir Mahira nggayuh penghargaan Piala Citra lumantar filem Rumah Tanpa Jendela. Ing filem iku, Emir maraga dadi bocah lanang saka kulawarga sugih kang duwé keterbelakangan mental. Déné ing FFI 2012, Emir mlebu manèh dadi nominasi "Ingkang maragani Utama Pria Terbaik" ing filem Rayya 'Cahaya Diatas Cahaya'. Emir Mahira uga éntuk penghargaan 'Best Performance' ing The Isfahan International Film Festival of Children and Young Adults ing Teheran, Iran.

Filmografi

  • Garuda di Dadaku (2009) minangka Bayu Purnomojati
  • Melodi (2010) minangka Ruli
  • Rumah Tanpa Jendela (2011) minangka Aldo
  • Garuda di Dadaku 2 (2011) minangka Bayu Purnomojati

Cathetan suku

  1. Profil Emir Mahira(diundhuh 14 Fèbruari 2013)
  2. Profil Emir Mahira, diundhuh 29 Dhésèmber 2011.
  3. Emir Mahira, dari lapangan bola ke panggung FFI(diundhuh 18 Fèbruari 2013)
  4. Emir Mahira Singkirkan Empat Pria Dewasa, diundhuh 29 Dhésèmber 2011.
  5. Berita Emir Mahira(diundhuh 14 Fèbruari 2013)
  6. Jadi Aktor Terbaik FFI 2011, Emir Mahira Speechless, diundhuh pada 29 Dhésèmber 2011.

Pranala njaba

  • (ing basa Indonésia) Profil ing situs KapanLagi.com.
Awards and achievements
Kang sadurungé
Reza Rahadian
Film: 3 Hati Dua Dunia, Satu Cinta
(2010)
Ingkang maragani Utama Pria Terbaik
(Festival Film Indonésia)

Film: Rumah Tanpa Jendela
(2011)
Kang sawisé
durung ana
The contents of this page are sourced from Wikipedia article on 14 May 2020. The contents are available under the CC BY-SA 4.0 license.
Lists
Emir Mahira is in following lists
comments so far.
Comments
From our partners
Sponsored
Reference sources
References
Emir Mahira
arrow-left arrow-right instagram whatsapp myspace quora soundcloud spotify tumblr vk website youtube pandora tunein iheart itunes