Quick Facts
Intro | Indonesian actress |
Is | Actor |
From | Indonesia |
Type | Film, TV, Stage & Radio |
Gender | female |
Birth | 7 August 1988, Semarang, Central Java Province, Indonesia |
Age | 32 years |
Profiles | |
Peoplepill ID | dominique-agisca-diyose |
Biography
Dominique Agisca Diyose (lair ing Semarang, Jawa Tengah, 7 Agustus 1988; umur 28 taun). Dominique iku salah sijiné modhèl lan aktris Indonésia kang nduwèni katurunan Tionghoa lan Jepang.
Wiwit kelas loro SD Dominique Agisca Diyose wis nduwèni karir ing donyaning modelling. Dominuque tau mlebu ing sekolah modhèl. Ananging Dominique lagi tenanan mbangun karir ing donyaning modhèl nalika sekolah ing SMP. Nalika iku Dominique umuré 13 taun. Dominique uga dadi modhèl perancang busana. Perancang busana kang asil karyané tau dipamèraké déning Dominique Agisca ya iku Oscar Lawalata, Edward Hutabarat, lan Rudy Chandra.
Nalika taun 2006, Dominique Agisca Diyose miwiti kariré dadi aktris filem. Film kang sepisanan dibintangi Dominique ya iku filem kang judhulé "Berbagi Suami". Ing filem iki, Dominique akting dadi tokoh Ming. Ming iku, wong wadon enom katurunan China kang dadi korban poligami bojoné. Ing filem iki, Dominique akting bareng karo Jajang C. Noer, Shanty, Rieke Dyah Pithaloka.
Dominique nduwèni hobby nglangi lan pit-pitan. Sanajan nduwé hobi loro mau, Dominique kalebu bocah wadon kang seneng ing omah. Nalika lagi ana wektu kang sela, biyasané Dominique luwih milih nggunakaké kanggo maca buku, ngrungokaké musik lan ulah raga selancar.