peoplepill id: aria-kusumadewa
AK
Indonesia
2 views today
10 views this week
Aria Kusumadewa
Indonesian film director

Aria Kusumadewa

The basics

Quick Facts

Intro
Indonesian film director
Gender
Female
Star sign
LibraLibra
Birth
27 September 1963, Lampung, Indonesia
Age
60 years
The details (from wikipedia)

Biography

Aria Kusumadewa (lair27 Sèptèmber 1963; umur 56 taun) ya iku sutradara saka Indonésia. Dhèwèké kondhang amarga dadi sutradara ing filem-filem indie, kaya ta filem Beth lan Novèl Tanpa Huruf R. Dhèwèké iku sutradara kang kondhang amarga idealismené. Aria sinau babagan filem ing Institut Kesenian Jakarta.

Awit cilik uripé ing Lampung. Gedhé saka kulawarga kang duwé dhasar agama kang kuwat. Dhèwèké tau urip ing pesantren, nanging amarga ora kuwat karo aturan disiplin kang ketat. Aria kang duwé bapak kang pagaweané dadi tukang pos iki njaluk sekolah ing sekolah umum. Nalika ing SMP, Aria mutusaké kanggo minggat mèlu kancané.

Sawisé lulus SMA ing Lampung, Aria langsung merantau ing Jakarta. Kesenengané njagong ing Taman Ismail Marzuki, anggawe dhèwèké kenal karo para seniman. Nallika iku, Aria remen karo komik kang isiné ana prosès-prosesé. Saka kono dhèwèké duwé kepenginan kanggo kuliyah ing IKJ Jurusan Sinematografi.

Aboté urip ing Jakarta anggawe pengagum Merryl Streep iki kudu dadi tukang parkir lan calo jual beli manuk. Filmé kang kaping pisanan ya iku PELACUR DI MALAM LEBARAN, didadikaké syarat kanggo kelulusané ning IKJ. Nanging karyané ditolak déning dosené, amarga dianggep eksperimental banget.

Nanging, rasa kuciwané akiré dibayar sawisé dhèwèké ana ning donya filem nganti 20 taun suwené. Ing ajang FFI 2009, karyané, IDENTITAS kapilih dadi Film paling apik, lan ing ajang kang padha dhèwèké kapilih dadi Sutraradara paling apik.

Ora namung IDENTITAS, karya sutradara kang tau njalin gayutan karo Lola Amaria iki, ana filem kang judhulé BETH (2002), NOVEL TANPA HURUF R (2003) lan SENYUM YANG TERAMPAS (1990). Dhèwèké uga tau digosipaké bakal urip bebarengan karo Leony.

Filmografi

  • Beth (2002)
  • Novèl Tanpa Huruf R (2003)
  • Identitas (2009)
  • Kentut (2011)

Cathetan suku

  1. boigrafi Aria Kusuma Dewa dipununduh tanggal 11 September 2011
  2. berita Aria Kusuma Dewa dipununduh tanggal 11 September 2011


The contents of this page are sourced from Wikipedia article on 21 Aug 2020. The contents are available under the CC BY-SA 4.0 license.
Lists
Aria Kusumadewa is in following lists
comments so far.
Comments
From our partners
Sponsored
Reference sources
References
Aria Kusumadewa
arrow-left arrow-right instagram whatsapp myspace quora soundcloud spotify tumblr vk website youtube pandora tunein iheart itunes