
Quick Facts
Biography
Uli Herdinansyah (lair ing Kutha Balikpapan, Kalimantan Wétan, 19 Juli 1976; umur 44 taun). Uli Herdinasnyah iku salah sijiné aktor lan presenter kang asalé saka Indonésia. Uli miwiti kariré dadi penyiar radio ing Hard Rock FM Jakarta. Saliyané iku Uli uga dadi presenter ing akèh acara-acara kang disiyaraké ing stasiun televisi swasta. Sawisé iku, Uli banjur njajal akting ing filem layar lebar lan teater. Uli Herdinansyah uga main ing filem kaya ta filem kang judhulé Naga Bonar (Jadi) 2. Uli Herdinansyah uga tau dadi presenter ing acara infotainment insert kang disiyaraké ing Trans TV. Saiki Uli uga dadi presenter acara Mario Teguh Golden Ways kang disiyaraké ing Metro TV.
Uli Herdinansyah iku anak saka pasangan Syahperi lan Augustina Herawati. Nalika cilik Uli urip ing kompleks perusahaan lenga PT. Arun kang manggon ing Lhokseumawe,Acèh Utara. Wiwitané Uli seneng dadi penyiar radio lan dadi pelamar radio masjid paling enom nalika SD. Cita-citané Uli uga kawujud sawisé pindah ing Jakarta nalika SMA. Uli Herdinansyah bisa nguwasani basa Inggris lan Prancis kang disinaoni nalika éntuk beasiswa pertukaran pelajar AFS ing Brussels-Bèlgi suwéné setaun.
Filmografi
Film kang dibintangi Uli Herdinansyah.
- Pesan dari Surga (2006)
- Kangen (2007)
- Naga Bonar (Jadi) 2 (2007)
- Meraih Mimpi (2009) - Pengisi Suara
Teater
Teater kang dibintangi Uli Herdinansyah.
- "Freakin' Crazy You" (2005) - Eksotika Karmawibhangga Indonesia
- "Miss Kadaluarsa" (2007) - Eksotika Karmawibhangga Indonesia
Cathetan suku
- ↑ selebriti.kapanlagi.com(dipununduh tanggal 30 Juli 2011)
- ↑ thejakartapost.com(dipunundhuh tanggal 30 Juli 2011)